Cari

Carita Jawa : Jaka Tarub

Ing jaman semana, ing desa Tarub ana randha jenenge mbok Randa Tarub. Sawise bojone mati deweke ngangkat anak lanang dadi anake. Sawise dewasa anak iku diundang Jaka Tarub. Jaka tarub anak sing apik. Entengaan, saben dina mbiyantu Mbok Randha nggarap sawahe. Seka asil sawah iku deweke urip. Mbok Randha seneng banget karo anake, kayadene anake dhewe.
Wektu trerus lumaku. Jaka Tarub dadi dewasa. Praupane bagus, solah bawane sopan, akeh wanita kang kesengsem lan pengin dadi bojone. Ananging Jaka Tarub durung pengin bebojoan. Dheweke pengin ngabekti karo Mbok Randha sing dianggep ibune dewe. Deweke kerja tansaya sregep, saengga asil sawahe tansaya akeh
“Jaka Tarub, Anakku. Mbok kowe enggal duwe bojo” kandhane Mbok Randha ing sawijining dina
“Tarub durung pengin, Mbok,” jawabe Jaka Tarub.
“Nanging yen Simbok mati sesuk, sapa sing bakal ngurus kowe?” pitakone Mbok Randha.
“Muga-muga Sim¬bok dawa umure,” jawabe Jaka Tarub. Ananging ora untara sowe Mbok Randha tilar donya
Ing sawijining dina Jaka tarub mlaku-mlaku golek iwak kidang ning alas. Dumadakan dhewekw krungu suara wong wadon gumuyu. Jaka Tarub kaget, terus dheweke nyawang menyang sendang. Ing sendang ana wong wadon ayu cacahe pitu lagi dedolanan. Jaka Tarub kaget nyawang sulistyaning warna sing di duweni para wanita iku terus dheweke njupuk salah sawijining slendang sing gumlethak ing pinggir sendang.
Nalika para wanodya iku mentas saka sendang, ana salah sawijining wanodya kang arane Nawangwulan kelangan slendang. Enem mabkyune ngewangi nggoleki, nangin tekan surup ora ketemu. Saengga Nawang Wulan ditinggal.
Jaka Tarub banjur nulungi. Nawang Wulan dijak bali menyeng omahe. Pirang-pirang sasi sabanjure Jaka Tarub nikahi Nawang Wulan. Wong loro urip bagya mulay. Ora antaran suwe Nawang Wulan nglahirake anake , jenenge Nawangsih.
Ing sawijing dina Nawang wulan pesen karo Jaka Tarub, supaya njaga keren kang lagi dinggo masak sego,
“Kakang, aku lagi mangsak sega. Tulung jaganen genine, aku meh menyang kali. Nanging aja dibuka tutup kukusan iki,”
Nalika bojone lunga, Jaka Tarub gumun karo penggakane bojone. Mula enggal dibukak kukusan iku. Sawiji pari katon ing jero kukusan. “Pan¬tes pari ing lumbung ora tau entek,” pambatine Jaka Tarub.
Nalika Nawang Wulan bali, dheweke mbuka tutup kukusan. Saler pariisih mentah. Dheweke ngerti menawa bojone wis mbukak kukusan lan iku nyebabake Nawangwulan kelangan kasektene. Wiwit saka iku, Na¬wang Wulan kudu nutu beraskanggo dimasak. Amarga pa¬ri¬¬ne terus suda, sawining dina, Na¬¬wang Wulan nemoake slendang wi¬da¬¬¬da¬ri gumlatek ing antaraning tumpukan pari. Sabanjure dheweke banjur nganggo slendang lan nemoni bojone.
“Kakang, aku kudu bali menyang kah¬yangan. Jaganen Nawangsih. Gawekna omah-omahan cilik ning cerak omah. Saben bengi dokokno Nawangsih ning kana. Aku bakal nyusoni nanging Kakang aja nyerak” omongane Nawang Wulan. Sabanjure dheweke maburmenyang kahyangan.
Saben bengi Jaka Tarub nyawang anake dolanan karo ibune. Sawise Na¬wang¬sih turu Nawang Wulan ¬bali menyang kah¬ya¬ngan.

Sumber : Klik ning kene bung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar