Ing jaman semana, ing desa Tarub ana randha jenenge mbok Randa Tarub.
Sawise bojone mati deweke ngangkat anak lanang dadi anake. Sawise
dewasa anak iku diundang Jaka Tarub. Jaka tarub anak sing apik.
Entengaan, saben dina mbiyantu Mbok Randha nggarap sawahe. Seka asil
sawah iku deweke urip. Mbok Randha seneng banget karo anake, kayadene
anake dhewe.
Wektu trerus lumaku. Jaka Tarub dadi dewasa. Praupane bagus, solah
bawane sopan, akeh wanita kang kesengsem lan pengin dadi bojone.
Ananging Jaka Tarub durung pengin bebojoan. Dheweke pengin ngabekti karo
Mbok Randha sing dianggep ibune dewe. Deweke kerja tansaya sregep,
saengga asil sawahe tansaya akeh
“Jaka Tarub, Anakku. Mbok kowe enggal duwe bojo” kandhane Mbok Randha ing sawijining dina
“Tarub durung pengin, Mbok,” jawabe Jaka Tarub.
“Nanging yen Simbok mati sesuk, sapa sing bakal ngurus kowe?” pitakone Mbok Randha.
“Muga-muga Sim¬bok dawa umure,” jawabe Jaka Tarub. Ananging ora untara sowe Mbok Randha tilar donya
Ing sawijining dina Jaka tarub mlaku-mlaku golek iwak kidang ning
alas. Dumadakan dhewekw krungu suara wong wadon gumuyu. Jaka Tarub
kaget, terus dheweke nyawang menyang sendang. Ing sendang ana wong wadon
ayu cacahe pitu lagi dedolanan. Jaka Tarub kaget nyawang sulistyaning
warna sing di duweni para wanita iku terus dheweke njupuk salah
sawijining slendang sing gumlethak ing pinggir sendang.
Nalika para wanodya iku mentas saka sendang, ana salah sawijining
wanodya kang arane Nawangwulan kelangan slendang. Enem mabkyune ngewangi
nggoleki, nangin tekan surup ora ketemu. Saengga Nawang Wulan
ditinggal.
Jaka Tarub banjur nulungi. Nawang Wulan dijak bali menyeng omahe.
Pirang-pirang sasi sabanjure Jaka Tarub nikahi Nawang Wulan. Wong loro
urip bagya mulay. Ora antaran suwe Nawang Wulan nglahirake anake ,
jenenge Nawangsih.
Ing sawijing dina Nawang wulan pesen karo Jaka Tarub, supaya njaga keren kang lagi dinggo masak sego,
“Kakang, aku lagi mangsak sega. Tulung jaganen genine, aku meh menyang kali. Nanging aja dibuka tutup kukusan iki,”
Nalika bojone lunga, Jaka Tarub gumun karo penggakane bojone. Mula
enggal dibukak kukusan iku. Sawiji pari katon ing jero kukusan. “Pan¬tes
pari ing lumbung ora tau entek,” pambatine Jaka Tarub.
Nalika Nawang Wulan bali, dheweke mbuka tutup kukusan. Saler pariisih
mentah. Dheweke ngerti menawa bojone wis mbukak kukusan lan iku
nyebabake Nawangwulan kelangan kasektene. Wiwit saka iku, Na¬wang Wulan
kudu nutu beraskanggo dimasak. Amarga pa¬ri¬¬ne terus suda, sawining
dina, Na¬¬wang Wulan nemoake slendang wi¬da¬¬¬da¬ri gumlatek ing
antaraning tumpukan pari. Sabanjure dheweke banjur nganggo slendang lan
nemoni bojone.
“Kakang, aku kudu bali menyang kah¬yangan. Jaganen Nawangsih. Gawekna
omah-omahan cilik ning cerak omah. Saben bengi dokokno Nawangsih ning
kana. Aku bakal nyusoni nanging Kakang aja nyerak” omongane Nawang
Wulan. Sabanjure dheweke maburmenyang kahyangan.
Saben bengi Jaka Tarub nyawang anake dolanan karo ibune. Sawise Na¬wang¬sih turu Nawang Wulan ¬bali menyang kah¬ya¬ngan.
Sumber : Klik ning kene bung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar